====SELAMAT DATANG====

Selasa, 05 Maret 2013

Posted by melawan rindu |
Assalamu'alaikum wr. wb
          Kawula nuwun, Bapak-bapak, ibu-ibu ingkang satuhu kinurmatan. Kadang mudha-mudhi ingkang kula tresnani. Maturnuwun sanget dhumateng juru panata wicara ingkang sampun maringi wekdal dhumateng kula, supados maringi sambutan ing malem pengetan Mapag Warsa Enggal 1 Januari 20.....
          Saderengipun mangga kula lan panjenengan sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring taufiq saha hidayah, katitik kula panjenengan saged makempal ing papan punika.
          Kula minangka ketua .......... ngaturaken sugeng warsa enggal 1 Januari 20..... wanci jam 00.00, mangke kita sampun nilaraken tahun 20...... tumuju tahun 20......
          Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan. Kanthi gantosing tahun enggal ateges umur kula panjenengan sami tambah setunggal tahun, semanten ugi gunggunging umur ingkang sampun dipun wewaleraken dening Gusti Allah SWT sampun kirang setunggal tahun.
          Salabeting setunggal tahun, kula panjenengan sami nindakaken sedayaning tumindak ingkang mboten saged kula panjengan sami ewahi malih, sagedipun namung metani. Pundi tumindak ingkang sae lan pundi tumindak ingkang awon. Kanthi mawas dhiri sedaya tumindak punika saged nemtokaken, pundi tumindak ingkang wajib kula panjenengan sami tinuladha, lan pundi tumindak ingkang kedah dipun tilaraken.
          Pengalaman lan kedadosan-kedadosan ingkang satunggal tahun kita tindakaken saged kapetik, lan tumindak ingkang utami kangge ningkataken pengabdian, saha tandang tanduk ingkang ing bebrayan saha pinuji ing Pangeran.
          Bapak-bapak, ibu-ibu, saha para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan. Mbok bilih anggenipun kula mimpin utawi ngesuhi panjenengan sami kathah klenta-klentunipun, awit kula namung titah sawantah ingkang mboten kantun nyandang kalepatan, kula namung saged nyuwun samodra pangaksami ingkang tanpa pepindhan.
          Pungkasaning atur, mangga-mangga sami nyenyuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, mugi-mugi ing warsa ingkang badhe dhateng panjenengan sadaya dalah kula tansah pikantuk taufiq lan hidayah, santosa lahir batin.
          Kula kinten kirang prayogi menawi kathah-kathah anggen kula matur. Santen parutan klopo cekap semanten atur kawula. Mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur, kula tansah nyuwun agunging samodra pangaksami.
Akhirulkalam wa billahittaufiq wal hidayah
Wassalamu'alaikum wr. wb. Nuwun!




0 komentar:

Posting Komentar